Jumat, 17 Januari 2014

Wisata Ning Bali

Hai kawan.
Kali ini aku akan menampilkan sebuah karya tulis tentang wisata kelas 9 dalam bahasa jawa.



Wisata ning Bali

Aku mari saka Bali. Ning Bali aku wisata karo sekolah. Acarane iku tanggal 14-17 Desember 2013. Aku budhal karo kanca-kanca lan bapak-ibu wali kelas.
                Ning kono akeh acarane. Dina pertama iku mek perjalanan. Aku lan kanca-kanca mek nang bis, resto bu roso, kapal, lan resto soka. Dina keloro iku nang teater barong, pulau sanur, resto hawaii, pulau penyu, puja mandala, kuta, resto kartun bali. Dina ketelu nang sukawati, joger desa, bedugul, tanah lot lan resto bidadari.
                Dina pertama yaiku 14 Desember 2013. Aku lan kanca-kanca mek nikmati perjalanan saka sekolah nang 2 pom bensin sak durunge nang pom bensin sing onok resto bu roso. Aku lan sak kelas foto bareng gawe kenang-kenangan. Sak marine mangan kita budhal nang Ketapang. Nang kapal, kelasku nampilno joget “keep smile” lan oplosan. Kelas liyane mek melok joget nang nggone. Lanjut nang bis kita langsung nang resto soka. Nang soka rame lan aku gak isok nikmati kaya mbiyen. Mari nang soka langsung nang hotel dini hari Waktu Bali.
                Tanggal 15 Desember 2013. Isuk aku langsung sarapan. Mari sarapan aku langsung siap-siap nggawe klambi sing cocok gawe nang pantai. Aku milih kaos liverpool putih lan celana endek. Setelan senenganku. Isuk aku nang teater barong sek. Iku pengalaman pertamaku. Aku seneng lan merasa terhibur. Acara selanjute nang pulau sanur. Mari kepanasan kita disuguhno mangan lan tuku oleh-oleh. Yo, ning kono aku mek sekedar foto lan menikmati angin  pantai. Lanjut acara, kita budhal nang pulau penyu. Isok diomong ning kono mulai berkurang daya tarik e. Lanjut kanca-kancaku shalat nang puja mandala. Aku tuku jajan karo koncoku sing wis shalat nang resto hawaii. Mari shalat kita ngerjakno tugas takok karo turis. Sak marine kabeh ngumpul kita langsung mangan nang resto kartun bali. Mari mangan gak langsung mulih, tapi ngenteni gurune sing nang krisna. Pancen enak tenan gurune nang krisna muride gak dijak. Uancen sak karepe dewe gak sakno muride. Gurune teka, kita langsung grudugan melbu bis. Nyampe hotel kita keturon kabeh merga mari mangan gak onok kegiatane.
                Tanggal 16 Desember 2013. Tujuan pertamane nang Sukawati. Yo, pasar ngemplang iki guampang nggolek rega murah. Ambek situk maneh sing gampang, nggolek arak. Aku oleh barang lumayan akeh. Tapi kelarangen, maklum aku gak isok nawar. Lan akhire nang joger, nggon senenganku gawe nggolek barang mewah tapi regane lumayan lah gak kaya sukawati. Akeh sing gak ndang teka akhire pas pisan nyampe nang resto sak durunge nang bedugul. Lanjut nang bedugul. Bedugul iku apik banget, sayange aku teko wayah udan. Tapi merga udan dadi enak, isok ndelok danau lan pura. Lek gak ngono ketutup kabut. Udan e tambah deres arek-arek dikongkon mbalik nang bis. Selanjute nang Tanah Lot. Wisata paling berkenang. Aku ngerasa ning kono iku urip sejahtera. Wes seneng aku langsung mbalik nang bis. Lanjute mangan nang resto bidadari. Lanjut perjalanan nang Ketapang. Pas perjalanan aku rodok sedih. Amarga nang Bali iku kenang-kenangane koyo gak isok dilalekno. Kanca-kancaku iku wes kaya keluarga dewe. Tapi kadang aku kudu nyurungi sitok-sitok ben wani.
                Nang Kapal aku lan pirang-pirang kancaku ngumpul. Yaa kari ngeling-ngeling sing dilakukno nang Bali lan dungane gawe selanjute. Ya Aku ndunga muga-muga aku karo kanca-kanca jek sering ketemu lan gak lali. Sak nyampek e nang Sidoarjo aku langsung mulih gak foto sak kelas.

Cekap semanten :)

Tidak ada komentar: